Cari Blog Ini

Kamis, 16 Juli 2009

Maling di Kelamuti Pedhet ( anak sapi)

Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene
mlebu kamare Romlah.
Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok.
Mari ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.
Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.
“Kapokmu kapan !!!, mene isuk tak laporno juraganku, saiki turuo ae sing
kepeNak” jere Sutaji.
Isuke Sutaji ngejak bapake Romlah marani maling sing dicancang Sutaji.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok,
ambune basin, ambek dhodhone abhang kabeh.
“Lho Ji, iki Na Togog sing mbiyen nginceng anakku.
Waduh saknone arek iki Ji, mari kon kelamuti tah Ji ?”…
“Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe Nang
areke”.
Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh.
“Opoko kon iku Le ?” … Jare Bapake Romlah.
“Ampun Pak… sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing nulungi.
Pedhet sampeyan iku gak onok mboke tah ?”.
hahahahaha/...




0 komentar:

  © Blogger templates Newspaper III by Ourblogtemplates.com 2008

Back to TOP