Humor Jawa-3
si tino (bukan nama sebenarnya) ponakane bayan semun termasuk bocah
lugu nanging bocah manis gak tau mbantah apa perintahe wong tuwo,
tapi rada kuper, sing jeneng pacaran ae durung tau.. lha wong lagi
nyedhak cah wedok ae wis ndredheg gemeteran ngewel jeee…
mula termasuk genre stmj alias setengah tuwo masih jomblo…
angger ditakoni “kapan kawin?”
jawabe mung, “may”… maksude “may be yes may be no”… masiyo telat
kawin tapi sebagai cowok sing gak neko-neko, dijamin nek segel abang
sing ana tulisane “do not accept if the seal is broken” isik utuh tanpa
cacat utawa baret..
kocap kacarito, sambel kecap ditambah merico… bener apa jare
unen-unen “jodo, rejeki lan mati iku pesthi”, ujug-ujug si tino rabi karo
si tini (bukan nama sebenarnya).
merga dianggep bocah kolokan, anak mami, mula ing titi wanci
menjelang dadi mnaten ibune sibuk, kepingin banget ngajari si tino piye
carane memperlakukan isteri ing malem pengantin mengko.
ibune kuwatir nek tino gak ngerti apa sing diarani “ngadu saliro tanpa
busono” iku mula dijelasne apa sing kudu ditindakne karo bojone…
(ibune lali nek wedhus kae gak nate ana sing ngajari ya bisa dhewe..
he,he,he…) “le… kowe engko turu sak amben bareng bojomu,
aja nganggo pakean, terus kowe rangkulan.. bagian awakmu sing atos
kuwi lebokna nang nggone bojomu pipis, terus mlebu-metu bolak-balik
bareng karo aba-aba kenthongan sing tak tabuh saka njaba ” ngono
dhawuhe ibune, si tino manggut ngerti.
singkat crita, pas malem ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang
pengantin nggawa kenthongan rondha.
sakwise ana aba-aba siap… ibune tino nuthuk kenthongan.. thok…
thok.. tok.. wiwitane alon-alon… saben limang kethukan mendeg dhisik….
terus tambah suwe tambah cepet.. thok,thok,thok.
thok,.thok,
terothok,terothok, terothok. .. akhire kaya titir banjir..
sakwise sekitar limalas menit saka njero kamar si tino karo bojone
jerit-jerit njaluk tulung…
wong-wong kaget… lawang didobrak alon-alon ditiliki mbokmenawa ana
masalah.
tenan, nang njero kamar si tino gudras getih bathuke babak bundhas…
“lho iki piye.. ana apa nduk….???. ..”
“ng…. anu mbok… mas tino nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero
kloset”
ealah….. dasar….
0 komentar:
Posting Komentar