Humor Jawa-2
Nalika ana program internet mblusuk ndeso, Bayan Semun tertarik karo
omonge mantri telpon jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter,
iso mikir dewe…
Mula gak kakehan mikir, dina iku pit montore sing nembe dicicil telung
sasi, sekolah nang nggadhean swasta..
deweke terus bablas nang pasar kawak arep tuku komputer (mosok ana
toko kumputer nang pasar kawak).
“Halah… ra rah kursus-kursusan. .. wong mesin pinter ae kok.. mesthi
isoh lah carane nglakokne”, ngono pikirane.
Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe.
Bayan Semun iku masiyo ndak ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine…
mula sungkan nek arep njaluk ajar uwong…
“ndak dikira goblog” (padahal ya gak ngerti tenan)…
komputer dipasang dewe.
Merga wis nate mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan,
mula nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambunge kabel ya gak
masalah…
Nanging nalika diuripne…
komputerm ana tulisane “printer not found”.
Weruh tulisan ngono mau..
Bayan Semun gak kurang akal, ponakane sing sekolah wis sekolah smp
diceluk..
“Nang.. deloken komputerku, iki mau nembe tuku… iki mesin pinter…
nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?’ kandhane Bayan
Semun pura-pura nge-test..
“Gampang… printere mboten kepanggih leres mboten Lik” jawabe
“Sembarangan. .. iki mesin printer ya jelas salah”, jawabe bayan Semun.
Tapi batine ragu-ragu,
“Engko gek kuwi bener, tapi gak mungkin nek mesin sak mono gedhene
gak eruh.. eh gek aku diapusi karo Koh Abun sakjane iki mesin
guuuooblog.. .”, Bayan Semun duwe pikiran nek diapusi karo sing dodol..
“Koh… kowe aja ngapusi yaa… wong komputer goblog kok diomongne
pinter, mosok printer gedhene sak mene kok gak bisa nemokne ki piye”,
Bayan Semun protes.
“Ora nemu piye”
“Lha iki tulisan .. printer not pond iki”
“Owalah kang Bayan… kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung l
engkap syarate maksude isik butuh driver..”
„Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki rak ya wis siap nyetir
komputer ta”
„Tunggu ae.. engko tukangku tak kon mrono.”
Mumpung isik nyambung karo Koh Abun…Bayan Semn kepingin takon sisan.
Sing mendorong dekne nekat tuku komputer iku sakjane merga kepingin
iso ndelok gambar wong wedok mliding, wis kepingin arep ngobrol karo
tanggane kang supri sing saiki nang amrik, kepingin ngirim duwik lan
mbayar tagihan listrik.
“Koh nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?”
“Kowe kudu ngerti alamate”
“Wis tak tulis lengkap alamate kok, malah tak lengkapi si Panjul ponakane
Bayan Semun, asline Kampung Pingkuk, nang Hongkong tahun 1998
dikirim biro jasa Bumen Rejo Abadi.. lsp tapi kok gak ketemu karo
bocahe yaaa..”
“Mosok alamate ngono… Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak
saka ipene”
“Ipe sing endi… wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe
dulur ipe ta..”
“Wis kang.. kumputermu paken meneh kirim balik mrene, duwekmu tak
balekno, montormu tebusen meneh
0 komentar:
Posting Komentar